Selasa, 01 Desember 2015

uji coba blog

–Janabal kuroma’wal fudlola’,bapak alim ulama’bapak kyai,ibu nyai ingkang tansah sinuyudan para santri saha tuhu kinabekten.
-para sesepuh ,pinisepuh ingkang tuhu pana ing pamawas/ingkang tansah anggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautamen, miwah lebda ing pitutur.

-para pengarsa negari,minangka pangreh pangemban pangembating praja ingkang dados pandom-pandoming kawula dasih
-para ustadz/ustadzah ingkang tansah kula anjeng-anjeng barokah ilmunipun.
-sagung para tamu sinedahan kakung mewah putri ingkang sampun sami kepareng rawuh saha sinawuran rohmatipun Gusti ingkang maha asih.
 Minangkani purwakaning atur mangga kula derekaken sami hangunjukaken raos syukur ingkang tanpa pepindhan dumteng gusti ingkang maha kawasa,hinggih karana sih welasipun miwah barokah, nikmat, taufuq saha hidayahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng kula penjenengan sedaya sahingga wekdal punika kula penjenenga sedaya saged ijabah kempal manunggal wonten majelis mubarroq menika kanthi pinayungan karaharjan twin kanugrahan, amien
Ingkang kaping kalih rahayu wilujeng saha tambahipon rohmat ta’dzim mugi tansah kajiwo kasariro tinunggil dumateng Gusti kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah kawulo panjenengan sedaya sehinggo saget ngawontenaken bebrayan agung wonten ‘alam dunyo kanti tetepipon iman isalam.
Poro hadirin hadirot rohimahumulloh wonten ing mriki kawulo kajibah mininongko pranoto acara/ muqosimul ‘auqot kepareng badhe maosaken racikanipon tatacara ingkang sampon rumacik inggeh punika:
1). Atur pambuka
2). Wedaring ayat- ayat suci Al- Qur’an
3). Atur sambutan- sambutan:
a.       Sambutan saking panitia
b.      Sambutan saking bapak kepala desa/ camat/ bupati…
c.       ………………………………………..
4).  Tatacara inti wursitawara mau’idhotul Hasanah
5). Pandonga
6). penutup
Hadirin hadirot rohimakumulloh
Minongko pambukaning tata cara ingkang ongko setunggal monggo dipon wiwiti kanthi waosan ummul Qur’an ing pangajat purwa, madya pungkasaning acara saget lumampah kanthi rancag lulus rahayu ing sambikala, “ Tholaban liridho illah wabisyafa’ati rosulillah wabikaromati auliyaillahi ta’ala wakulli niatin sholihah Al Fatihah……..
Titilaksana ingkang ongko kalih wedaring ayat- ayat suci Al- Qur’an dumateng ingkang kapiji Ustadz……….wekdal kawulo aturaken.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar